Kamis, 11 Oktober 2012

Contoh Geguritan

Dzikir

Nalika tengah wengi
Ing sepining wanci
Lelangon iku daktembangake
Nalika bagaskara
Tumapak ing angkasa
Lelangon iku daktembangake
Nalika pawongan padha balapan
Ing rodane wektu
Lelangon iku daktembangake
Nalika wayah surup
Sregege wis angslup
Lelangon iku daktembangake
Nalika jagat salin pakeliran
Sang kresna nasab buana
Lelangon iku daktembangake
Hasbunallah wa nikmal wakil
Nikmal maulana waa nikman nashir
Kanthi lelangon iku
Muga
Jiwa lan kalbuku
Ora gothang saka
Tresna lan asih
Marang sapepadha
 Yen pancen kita ngaku wong sing iman
Kudhu bisa mbuktekake ana tumindak
Akeh kang mung mandheg ana pangucap
Padha ninggal bebener, tumindak ngiwa
Ing sasi kang kebak barokah
Ayo padha ningkatake ibadah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar